Gathutkaca Rangsang KSSC (Sinopsis)
Ndeleng kaset kiye sing gambar sampule ana pagelaran panggungan lakon Gatutkaca Rangsang, inyong kemutan karo kaset khas Ki Gino sing versi pagelaran. Kaset versi gambar pagelaran angger tak gatekena jan nyeni banget. Ora ketinggalan ana gambare Bawor, bareng karo tokoh sing dadi rol-e crita. Sayange gambare sampul ora bisa tak muat sebab ireng putih cenderung ireng ndhetheng.
Para sedulur, kaset kiye esih sumbangan sekang Radio Mutiara AM Bandung, sing senajana radio sing madeg neng tanah Pasundan, tapi gandheng akeh banget para sedulur Jawa sing pada mbebara neng kana, mulane Broadcast kiye ngaturaken siaran wayang kulit sing pancen esih akeh sing ngenteni siarane
Tapi angger dirasakena rekamane, jan temenan maen, nyaris ora nana cacade. Mung sewetara neng kaset akhir kaset nomor 5 karo kasete no 6 setengah awal, suarane mandan miring. Dadi angger ora diolah, ya mandan ora ngepenakena. Senajana diolah tapi tetep ora sempurna. Ngapunten nggih para rawuh.
Pagelaran kiye dirawuhi karo Ki Anom Suroto sing kersa nonton rekamane Ki Sugino. Kiye inyong ngerti lagi adegan gara-gara. Rekaman kiye uga padha dirawuhi kanca kanca seniman liyane sekang Klaten.
Senajana kaya kuwi sindhene kabeh sekang tlatah mBanyumas. Tek sebutena, kaya Nyi Kamiyati, gemiyen bojone Ki Dhalang Daulat Karsito. Nyi Jumirah karo ora ketinggalan Ny Suryati. Senajana sindhene mung telu tapi para sedulur pada bisa nggatekena kepriwe suarane para ibu waranggana gole ngaturake lagon sing jan gawe padhange ati.
Lakone dhewek kang, kiye jane terusane rebutan antarane Gathutkaca karo Bomantara neng lakon Kikis Tunggarana. Tela angger Dalang Gino, lakon carangan esih bae ana anakane carangan maning.
Angger Bomantara karo Gatutkaca sing dadi lakon, mesthi ramene. Apamaning angger sing dienggo dredah ora nana liya Kikis Tunggarana alias Alas Tunggul Rana. Para sedulur sing durung tau mirengaken kepriwe sih larah larahe anu alas kiye denggo rebutan antarane kekuatan Pringgendani karo Trajutrisna, kiye tek tirokena sekang Dalang Gino.
Kocapa gemiyen lagi Prabu Trembuku, eyange Gathutkaca, esih sugeng, ana sawijining mitrane Prabu Trembuku kang aran Ditya Naga Rangsang. Nalika semana, Naga Rangsang kepareng ngampil wilayahe dinggo dedunung lan ngedegena kraton. Wilayah Pringgendani sing disilih arane Alas Tunggarana. Tapi Nagarangsang esih kebawah dening Prabu Trembuku, mulane saben sawetara wektu, kraton Guwa Langse, kraton sing dibangun Prabu Nagarangsang, Naga Rangsang asung bulu bekti glondhong pengareng areng.
Neng perjanjian silih wilayah kuwe, Naga Rangsang mung diwenehi wektu amung setungkulan, tegese amung saksugenge, senajan Nagarangsang kagungan putra, kraton Guwa Langse ora dikeparengaken di turun anak putu. Kocapa Prabu Nagarangsang nalika semana rebutan puta putrine Bethara Bayu kang jeneng Bethari Superti. Lawane nyata lawan sing sekti, Raja Jangkarbumi kang aran Prabu Nagaraja. Nagarangsang tumekaning Tiwas. Sasirnane Prabu Nagarangsang, para kawula neng Negara Guwa Langse balik maring asale, yakuwe Negara Pringgendani. Kawitan saka kuwe, kraton balik maning dadi alas, tuwuh glagah pengalang alang, pawongan neng kana, ngarani alas Tunggarana. Awit Nagaraja nganggep menawa deweke sing menang, Nagaraja munggah kayangan ngamuk neng kayangan njaluk Bathari Superti. Senajana titah, parandene Prabu Nagaraja bisa ngalahaken para Dewa, njur Batari Superti diboyong maring Jangkarbumi. Prabu Nagaraja karo Dewi Superti nduwe turun loro cacahe. Mbarep aran Dewi Pertiwi. Dene sing wuragil aran Raden Pertiwanggana. Nuju sawijining dina, Dewi Pertiwi klakon bedhang laku peteng sesingidan andon asmara karo Batara Wisnu. Jroning peteng jare anane mung lali. Lha jroning lali nggone bebedhangan sing ana amung rasa mulya. Ora suwe Dewi Pertiwi nggarbini lair kakung sing aran Bambang Sitija. Nalika semana, ora suwe sekang prastawa kuwe, Wisnu nitis maring Prabu Bathara Kresa. Tapi senajana kaya kuwe, Bambang Sitija sing wis bisa ngalahaken Raja Surateleng, Prabu Bomanarakasura, tetep diaku putra karo Prabu Kresna. Bambang Sitija, alias Suteja, alias Prabu Bomantara, alias Prabu Boma Narakasura (nunggak semi karo asmane Raja Surateleng) nggenti jeneng Negara Surateleng dadi Negara Trajutrisna. Lha kiye perkara silih wilayah dadi ngembet tekan anak putu. Prabu Nagaraja sing rumangsa wis bisa ngalahena Raja Guwa Langse Prabu Nagarangsang, nganggep angger patine Prabu Nagarangsang, otomats negara Guwa Langse alias alas Tunggarana dadi darbeke Prabu Nagaraja nganti anak putune.