BASA
RINENGGA
BASA RINENGGA
Basa rinengga yaiku basa kang dipaesi,
dijaga, lan dirumat supaya dadi endah utawa
tetep edi peni. Ing kalodhangan iki jinising
basa rinengga kang dirembug yaiku
paribasan, bebasan, lan saloka,
Pepindhan, Tembung Saroja, Tembung
entar, Wangsalan, Parikan, Purwakanthi,
Tembung Camboran, Cangkriman.
PARIBASAN BEBASAN
Yaiku unen-unen kang ajeg Yaiku unen-unen kang ajeg
panggonane, mawa teges panganggone, mawa teges
entar nanging ora ngemu entar, ngemu surasa
surasa pepindhan, tuladha: pepindhan lan sing
Ancik-ancik pucuking eri dipindhakake kahanan
Mungsuh mungguh ing utawa sesipatane wonge,
cangklakan tuladha:
Arep jamure emoh
Gawe luwangan, ngurugi
luwangan watange
Dudu berase ditempurake
Sendhakep ngawe-awe.
SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhakake wonge,
tuladha:
Kutuk marani sunduk
Kebo nusu gudel
Pitik trondhol diumbar ing padaringan
Timun mungsuh duren
Gajah ngidak rapah, lsp
Ing madyaning bebrayan, unen-unen ajeg panganggone kang kaya
dene paribasan, bebasan, lan saloka iku asring jumbuh antaraning siji
lan liyane, saengga gampang kleru anggone mbedakake.
NEGESI PARIBASAN, BEBASAN,
LAN SALOKA
Kaya kang wis dijlentrehake, jinising basa
rinengga kang dirembug ing kene yaiku mligi
babagan paribasan, bebasan, lan saloka.
PARIBASAN BEBASAN
1) Ancik-ancik pucuking eri 1) Arep jamure emoh watange
tegese: tansah nduweni rasa tegese: gelem kepenake lan ora
kuwatir gelem rekasane
2) Satru mungguh ing cangklakan 2) Dudu berase ditempurake
tegese: mungsuh sing cedhak tegese: urun rembug nanging ora
banget cocog karo bab prakarane
3) Gawe luwangan, ngurugi 3) Sendhakep ngawe-awe
luwangan tegese: wis mareni penggawean
tegese: golek utangan anyar ala, nanging batine pengin glakoni
kanggo nyauri utangan sing lawas maneh
4) Kejugrugan gunung menyan 4) Kerot tanpa untu
tegese: oleh rejeki akeh banget tegese: duwe kekarepan nanging
5) Golek uceng kelangan deleg ora duwe ragad
tegese: golek bathi sing sethithik 5) Kriwikan dadi grojogan
nanging malah tuna akeh tegese: prakara cilik dadi gedhe
SALOKA
1) Kutuk marani sunduk
tegese: wong kang nyedhaki marang bebaya
2) Kebo nusu gudel
tegese: wong tuwa njaluk wuruk wong enom
3) Pitik trondhol diumbar ing padaringan
tegese: wong ala dipitaya nunggu barang aji, wusanane
ngentek-enteki
4) Timun mungsuh duren
tegese: wong ringkih mungsu wong santosa
5) Gajah ngidak rapah
tegese: wong kang tumindake ora laras karo guneme
NGANALISIS BASA RINENGGA
Tetembungan utawa unen-unen sajroning paribasan, bebasan, lan saloka
iku lumrahe isi pitutur sejati kanggoning ngaurip. Saliyane iku, ana
sawatara tetembungan ing sajrone kang migunakake basa endah, kayata:
Adigang Adigung Adiguna
Kateluning tembunge migunakake tembung: adi-adi-adi, banjur
migunakake tembung: gang-gung-guna (kang padha aksara: g-g-g).
Dadi, unen-unen iki migunakake basa endah kang wujud purwakanthi
guru sastra.
Becik Ketitik Ala Ketara
Kaloro tembunge migunakake aksara vokal-konsonan: ik-ik ing
pungkasane tembunge, kaloro tembung liyane migunakake aksara vokal:
a-a ing pungkasan tembunge. Dadi, unen-unen iki migunakake basa
endah kang wujud purwakanthi guru swara.
Purwakanthi
Purwakanthi kaperang dadi telung warna
yaiku:
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa utawa
lumaksita/wewiletan.
Purwakanthi
Purwakanthi Guru Swara
Yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting swarane,
tuladha:
1) Sapa ta mara-mara ana kana
2) Wingi bengi sapi siji mati medeni
3) Mau bapakku tuku madu pitu
Purwakanthi Guru Sastra
Yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting sastrane, tuladha:
1) Susi Subekti saiki seneng susu sapi
2) Bapak bakule banjur bungah banget
3) Jare Jamilah jamane jaman jaipongan
Purwakanthi
Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita/Wewiletan
Yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting wanda/gatra
pungkasan karo wiwitaning wanda/gatra candhake,
tuladha:
1) Salma mangan nganti tiba-tiba banget
2) Adhiku kuwi wingi ngimpi pindhah dhaerah
3) Tumbas jambu, jambune kok mung pitu
MATUR
SUWUN