FORMULIR No.
Dokumen FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 1 dari 14
WULANGAN 4
NGEGEGULANG SURASANING BASA
A. BASA RINENGGA
Gunane basa Jawa kepantha dadi loro: guna kolokiyal (gunane basa kanggo sesrawungan saben
dina) lan guna artifisial (guna kang sipate samudana, ora sanyatane, ora alami kayadene sing lumprah
digunakake sajroning pasrawungan). Guna Artifisial uga ngandhut guna artistik yaiku basa Jawa sing
dienggo pepresan (pajangan) umume awujud riptan sastra.
Kaendahan panganggone basa Jawa ing reriptan sastra kanthi milih tetembungan sing pas saengga
bisa nuwuhake rasa nges. Kang mengkono iku kanthi migunakake rerenggan basa rinengga.
Panganggone basa rinengga bisa ditemokake ing karya sastra. Upamane ing geguritan, tembang
macapat, pambagyaharja kanggo nyandra panganten, lsp.
1. Pangertene Basa Rinengga
Basa rinengga mujudake basa kang endah utawa basa sastra. Kaendahan sajroning basa
rinengga Amarga direngga utawa dipaes. Mula basa rinengga uga diarani basa rumpakan. Sanadyan
bas rinengga digunakake ing karya sastra, kadhang kala uga ditemoni ing pasrawungan saben dina.
Karya sastra migunakake basa rinengga luwih ndudut ati, Amarga endahing basa, becike
pangrakite tetembungan lan larase dhapukan rumpakane. Basa rinengga lumrah dianggo ing crita
padhalangan, pambagyaharja panganten, pranatacara panganten taun anyar, crita kethoprak, lan
upacara adat.
2. Gunane Basa Rinengga
a. Supaya katon endah
b. Bregas (maknane dhuwur banget)
c. Ngrengreng (racak/runtut)
3. Kawigaten ing Basa Rinengga
a. Basane endah (ora saben dinane dianggo)
b. Becik pangrakite tembung/pamilihing tembung kang trep.
c. Kridhaning swara (bersajak)
4. Ancas Basa Rinengga
Anane basa rinengga sajroning teks sastra duwe ancas kanggo nambahi kaendahane ukara
utawa ngrenggani ukara supaya liwih narik kawigaten.
5. Panganggone Basa Rinengga
1. Buku-buka sastra
2. Tembang-tembang
3. Geguritan
4. Wayang purwa/wong
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 2 dari 14
5. Kethoprak/ludruk
6. Panyandra manten mligine kanggo pranatacara
6. Jinis Basa Rinengga
1. Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro kang duwe teges padha utawa meh padha banjur dianggo
bebarengan kanthi ancas mbangetake karep.
Tuladha:
a. Warga desa Samimakmur sayuk rukun ndandani regol sing ambruk.
b. Krungu patine Aswatama gawe remuk rempu atine pandhita Durna.
c. Fajar tiba saka sepedhah nganti babak bundhas.
2. Tembung Entar
Tembung entar yaiku tembung sing duweni teges ora sabenere. Tembung Entar ora bisa ditegesi
sawantahe amarga maknane ora kaya salugune (kata kiasan).
Tuladha:
a. Kembang lambe tegese bahan omongan.
b. Jembar segarane tegese sugih pangapura
c. Adol kringet tegese sugih pangapura.
d. Lunyu ilate tegese omongane mlenca-mlence
e. Dawa tangan tegese seneng colong jupuk)
3. Wangsalan
Wangsalan mujudake unen-unen kang ngandhut teges bedhekan utawa cangkriman, nanging
dibatang utawa dibedhek dhewe. Ukara ora padha persis nanging mung memper bae.
Tuladha:
a. Janur gunung, kadingaren jenengan tindak wonten griya kula.
Janur gunung= aren
b. Jangan gori, nganti judheg anggonku muruki.
Jangan gori= gudheg
c. Sarung jagung, sanadyan abot kudu dilakoni.
Sarung jagung= klobot
4. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok racikane (ajeg panganggone), mawa teges entar
nanging ora ngemu surasa pepindhan. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning
tembung (frasa) lan klebu basa pinathok. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese
pinathok, lumprahe ateges enter. Paribasan ngemu teges tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (seamer pasemon).
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 3 dari 14
Tuladha:
a. Ana catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake rekasaning liyan sing prayoga.
b. Busuk ketekuk pinter keblinger, tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu
rekasane dhewe-dhewe.
c. Rebutan balung tanpa sumsum, tegese padudon sing disebabage barang sepele.
d. Kenes ora ethes, tegese wong wadon sing sugih omong/umuk nanging ora bisa mrantasi
gawe.
e. Yitna yuwana lena kena, tegese sing ngati-ati bakal salamet sawalike sing sembrana bakal
cilaka.
5. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Dene kang dipindhakake kahanan utawa tindak tanduke manungsa. Wonge uga katut ing sajroning
pepindah, nanging kang luwih ditengenake kahanan utawa tindak-tanduke.
Tuladha:
a. Abang-abang lambe, tegese guneman mung kanggo lamis-lamis.
b. Dikena iwake aja nganti buthek banyune, tegese wong kang panjangkane kalaksanan, nanging
ora gawe gendra (rame).
c. Kerot ora duwe untu, tegese darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.
d. Nabok nyilih tangan, tegese namakake panggawe ala sarana nggunakake tenagane wong liya.
e. Ngubek-ubek banyu bening, tegese gawe rerusuh ing panggonan kang wis tentrem.
6. Saloka
Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake
manungsa utawa wong (bisa nganggo pepindhah barang utawa kewan).
Tuladha:
a. Bebek mungsuh mliwis, tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine
kalah ulet lan trampil.
b. Emprit abuntut bedhug, tegese perkara kang cilik malah dadi gedhe lan ngambra-ambra tekan
ngendi-endi.
c. Belo melu seton, tegese anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok salahe.
d. Kemladheyan ngajak sempal, tegese sedulur ngajak marang karusakan.
e. Tengu ngadu gajah, tegese wong cilik ngadu wong gedhe
7. Cangkriman
Cangriman miangka une-unen utawa ukara kang kudu dibatang utawa digoleki wangsulane.
Cangkriman lumrahe kanggo gegojekan utawa dolanan bedhekan. Ana uga cangkriman kang
digawe sayembara ing lakon wayang. Andharane babagan cangkriman kaya mangkene:
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 4 dari 14
a. Cangkriman Wancahan
Wancah tegese cekak. Wancahan kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.
Tuladha:
1. Buta buri: tebu ditata mlebu kori.
2. Gerbong tulis: pagere kobong watune mendhelis.
b. Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan mujudake cangkriman kang dijumbuhake karo irib-iribane
sawenah barang.
Tuladha:
1. Abang-abang dudu kidang persegi dudu pipisan: bata
2. Yen bocor malah kebak: prau
c. Cangkriman Plesedan utawa Blenderan
Cangkriman blenderan iki sejatine ukara pranyatan kang bisa digawe bingung yen
macane salah.
Tuladha:
1. Ana kapal disawat watu bisa kelem: sing kelem watune dudu kapale.
2. Wong adol krambil dikepruki: sing dikepruki krambile dudu wonge.
d. Cangkriman kang kacethak Wacan
Cangkriman iki rinakit wujud tembang.
Tuladha:
Tembang Pocung
Bapak pucong yen enom klambine gadhung
Yen wis tuwa
Si Pocung klambine kuning
Tuwa pisan si pocung klambine abang
Batangane: Mlinjo
Tembang Kinanthi
Wonten putri luwih ayu
Tan ana ingkang tumandhing
Sariranira sang retna
Owah-owah saben ari
Yen rina kucem kang cahya
Mung ratri macur nelahi
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 5 dari 14
Batangane: rembulan
e. Cangkriman liyane
Ing ngisor iki tuladha cangkriman liyane:
1. Ana kuthuk dilebokake kurungan rapet
Kira-kira wis ora bisa metu
Disadhiyani pakan lan ombenan sing cukup
Barang wis telung sasi kuthuke ilang
Kuthuke lunga menyang endi?
Batangane: wis dadi pitik
2. Lampu apa yen dipecah metu wonge?
Batangane: lampu took sing lagi ditutup
8. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan gandheng wanda
utama tembung ing saburine. Purwakanthi kapantha dadi telu kaya mangkene.
a. Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
1. Aja dumeh menang banjur tumindak sawenang-wenang.
2. Ana awan ana pangan
b. Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisan konsonane.
Tuladha:
1. Dadi manungsa aja dhemen memada semang dymadi
2. Wong menawa janji jujur jajahe mesthi Makmur
c. Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi lumaksita uga diarani purwakanthi guru basa, tegese purwakanthi kang
tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maheh ing ukara candhake.
Tuladha:
1. Bayem arda, ardane ngrusak busana.
2. Nandang lara, larane wong lara lapa.
9. Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumedi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten
lan ukara kapindho minangka isi. Parikan kaya pantun, nanging mung rong larik. Parikan
nggunakake purwakanthi guru swara.
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 6 dari 14
a. Paugeran Parikan
1. Cacahing wanda kapisan kudu padha karo ukara kapindho.
2. Ukara sing ngarep kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi utawa wos.
3. Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
4. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra
b. Tuladha Parikan
1. Parikan (4 Wanda + 4 Wanda) x2
Tuladha:
Pitik blorok, manak siji.
Jare kapol, malah ndadi.
Ghodong sinom, kembang teles.
Isih enom, aja males.
Wajik klethik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
Manuk emprit, nucuk pari.
Dadi murid, sing teberi.
2. Parikan (4 Wanda + 6 Wanda) x2
Tuladha:
Manuk emprit, menclok godhong tebu.
Dadi murid, sing sregep sinau.
Kembang kencur, tinandur tepining sumur.
Sapa jujur, bakal luhur klawan Makmur.
3. Parikan (3 Wanda + 5 Wanda) x2
Tuladha:
Timune, diiris-iris.
Gumune, ra uwis-uwis.
Sirahe, dianguk-anguk.
Senenge, yen wis kepethuk.
4. Parikan (4 Wanda + 8 Wanda) x2
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 7 dari 14
Tuladha:
Kembang menur, sinebar den awur-awur.
Yen wis Makmur, aja lali mring sedulur
Kembang aren, sumebar ing tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengen kajen
5. Parikan (8 Wanda + 8 Wanda) x2
Tuladha:
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
Iwak yuyu iwak wader, pethuk bulus mangan apem.
Yen sianu dadi pinter, besuk lulus ati tentrem.
10. Pepindhan
Pepindhan mujudake unen-unen basa Jawa sing ora ngemu surasa sejatine. Pepindhan bisa
kanggo sarana mindhakake sawijining kahanan utawa barang karo kahanan utawa barang liyane.
Pepindhan bisa kanggo panyandra sajroning adicara temanten, pagelaran wayang, utawa nripta
karya sastra. Panganggone pepindhan lumprahe kinanthen kaya mengkene.
a. Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
Tuladha:
1. Ayune kaya Dewi Ratih
2. Dedege ngrinin sungsang
3. Kenese kaya Dewi Srikandi
b. Panyandra kanggo satriya utawa Priya
Tuladha:
1. Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
2. Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
c. Pepindhan kanggo nyandra kahanane wadyabala
Tuladha:
1. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong.
2. Dawane barisan anglur selur pindha sela brakhiti.
3. Ireng padha ireng kumpul kaya gagak reraton.
d. Pepindhan kanggi nyandra wong nesu utawa nantang perang/
Tuladha:
1. Soca bang angathirah.
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 8 dari 14
2. Talingan lir tinebat.
e. Pepindhan kanggo nyndra kahanan
Tuladha:
1. Abote kaya watu.
2. Dhuwurw kaya othak-othak mega.
f. Pepindhan liya-liyane
a. Akehe lelara kaya kena pageblug.
b. Cep klekep kaya orong-orong kepidak.
11. Panyandra
Nyandra tegese marna utawa nggambar kaendahan sarana pepindhan, mula candra yaiku unen-
unen kang gumathok panganggone kanggo nyandara perangane awak, solah bawa, lan kahanane
manungsa kanthi cara pepindhan. Ancase nyandra yaiku kanggo nggambarake kaendahan
manungsa.
12. Sanepa
Sanepa yaiku ukara pepindhan kang ajeg dhapukane, kedadean saka tembung kahanan /sipat
sinambungan tembung aran. Sanepa wujude kaya dene candra, nanging dhapukane wis pinathok
yaiku dumadi saka tembung kahanan sing digandheng karo tembung aran. Sanepa umume kanggo
nyemoni lan nggambarake kahanan.
Tuladha:
a. Balunge atos debog: balunge empuk banget.
b. Barange aji godhong garing: barange ora aji banget.
c. Bobote abot kapuk: bobote entheng banget.
d. Tatune arang kranjang: tatune kerep banget.
e. Rembuge resik peceren: omongane rusuh banget.
f. Suwene mijet wohing ranti: sedhela banget.
g. Eseme pahit madu: eseme manis banget.
h. Pikirane landhep dhengkul: pikirane bodho banget.
13. Sesanti
Sesanti (semboyan/slogan) yaiku ukara sing isine pepuji utawa pandonga, tekad sing kuwat,
pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan. Umume diengga dening
paguyuban utawa patembayan. Kaya dene ing instansi-instansi pamrentah.
Tuladha:
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 9 dari 14
Jer Basuki mawa bea.
Tut wuri handayani.
Suradira jayadiningrat lebur dening panagastuti.
14. Kawi (Basa Jawa Kuna)
Tembung kawi mujudake tetembungan sing cak-cakaning winates ing basa endaj. Upama kanggo
kesenian wayang, kethoprak, lan acara liyane kang ana gegayutane karo adat kejawen kayata
temanten utawa palakrama. Akeh tembung ing basa Kawi sing dijupuk saka basa sansekerta.
Tuladha:
Agni tegese geni
Astha tegese wolu
Dhingin tegese dhisik
Mami tegese aku
15. Tembung Camboran (Kata Majemuk)
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan tembung mau dadi
tembung anyar nuwuhake teges anyar uga. Anyar ing kene tegese dadi beda nalika tembung-
tembung mau during digandheng dadi wujud tembung camboran. Jinise tembung Camboran:
a) Miturut Wujude
1. Camboran wutuh
Camboran wutuh yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora
ngurangi cacahing wanda, tetembungane isih wutuh. Wujude camboran
wutuh kaya mangkene.
a. Rerangken determinatif (DM)
Tuladha: Meja tulis, pitik walik, lemari kaca, kembang kanthil, buku
gambar, omah gedhong, ketan ireng.
b. Baliswara (rerangken MD) katrangane utawa kahanane manggon ing
sangarepe sing diterangake.
Tuladha:
Panduputra (negeseke putrane Pandu)
Pancasila (negesake silane ana panca utawa lima)
Dasa dharma
Mahasiswa
Kusuma bangsa
Perdana mentri
c. Tembung Saroja yaiku tembung loro kang tegese padha lang dienggo
bebarengan.
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 10 dari 14
Tuladha: Edi peni, gagah prakosa, rahayu Widodo, sayuk rukun, andhap
asor, duga prayoga (sopan santun)
d. Yogyaswara yaiku tembung loro sing meh padha pacopane, mung beda
wanda mburine nduweni teges sepasang/lanang wadon.
Tuladha: bethara-bathari, dewa-dewi, widara-widari, pemudha-pemudhi,
siswa-siswi.
2. Camboran Tugel
Camboran tugel yaiku camboran sing dumadi saka tembung loro kang
dirangkep dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda. Wujude camboran tugel
kaya mangkene.
a. Tembung garba (sandi garba) yaiku tembung loro utawa luwih sing
diringkes dadi siji sarana nyuda wandane.
Tuladha: Prapta + ing = prapting
Iya + iku = yeku
Nara + pati = narpati
Ana + ing = aneng
Sarwa + endah = sarwendah
b. Kerata basa yaiku cekakan (akronim) sawijine tembung dianggep duwe
teges/karep/maksud tartamtu
Tuladha: Lunglit = balung kulit
Dhegus = gedhe bagus
Guru = digugu lan ditiru
Garwa = sigaraning nyawa
Bapak = baba apa-apa wis pepak
Kuping = kaku njepiping
Krilil = keri ing sikil
Sirah = isine rah
Kaji = tekade mung siji
b) Miturut kekarepane
1. Camboran Tunggal
Camboran tunggal yaiku tembung loro kang dirangkep dadi siji nanging siji lan
sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh amarga wis duweni teges anyar.
Tuladha:
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 11 dari 14
Balung kuwuk
Nagasari
2. Camboran Wudar
Camboran wudar yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing
diarangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine isih duwe teges dhewe-
dhewe.
Tuladha: Pasar malem, rumah sakit, meja tulis, buku gambar.
16. Rura Basa
Rura basa yaiku basa kang kleru nanging wis lumprah dienggo. Rura basa kalebu basa sing wis
rusak utawa luput, ananging yen dibenerake dadi salah. Mula rura basa uga diarani basa sing salah
kaprah. Upamane tembung nguleg sambel. Tembung iku ora bener. Sing bener nguleg Lombok,
trasi, uyah, gula, tomat, lan sapanunggalane. Nanging yen dibenerke kaya mengkono malah bisa
digeguyu wong akeh.
Tuladha:
Nunggoni pitik, adang sega, nggodhog wedang, ngenam kepang, menek klapa.
17. Dasanama
Dasanama yaiku tembung tembung sing duweni teges padha (sinonim).
Tuladha:
omah dasanamane griya, graha, gubug.
Banyu dasanamane tirta, warih, toya, lsp
Teks Panyandra
Panyandra yaiku unen-unen utawa tetembungan saemper pepindhan kang surasane mawa
tetandhingan sing ngemu teges memper utawa irib-iriban. Babagan kang dicandra ngenani
kaendahan lan kabecikan kaya kahanane manungsa, kewan, mangsa, lan solah bawa.
1. Candraning Manungsa (Peranganing Awak)
Tuladha:
a. Alise : nanggal sepisan
b. Astane : gandhewa gandhing
c. Athi-athine : ngundhup turi
d. Bangkekane : nawon kemit
e. Bathuke : nyela cendhani
f. Brengose : nglaler mlencok, nguler keket
g. Cahyane : nglentrih, sumunu, sumunar
h. Dedege : nringin sungsang
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 12 dari 14
i. Drijine : mucuk ri
j. Eseme : pait madu, kaya madu, pinastika
k. Gulune : ngalon-alon, ngelung gadhung
l. Idepe : tumengga ing tawang
m. Irunge : bangir, kencana pinantar, ngudup mlathi
n. Kempole : ngembang pudhak, nyikul/nyutang walang
o. Lembehane : blarak sempal, merak kesimpir, nyigar jambe
p. Lambene : gula satemlik, manggis karengat
q. Lengene : gandhewa pinenthang
r. Mripate : damar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
s. Netrane : liyep alindri
t. Pakulitane : Ireng manis, ngulit langsep
u. Pipine : duren sajuring
v. Polatane : ruruh jatmika,
w. Pundhake : nraju mas
x. Rambute : ngembang bakung, ngandhan-andhan
y. Sinome : bibis mabur, micis muncar
z. Swarane : ngombak banyu
aa. Untune : miji timun, ngelar kombang
bb. Ulate : sumeh/sumunar
cc. Wange : nyangkal putung, ngungkal Gerang
2. Candra Solah-bawa (tandang gawe)
Tuladha:
a. Polahe wong kaya gabah diinteri
b. Tandange cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang
c. Bungahe kaya ketiban daru
3. Candraning wong nesu
Tuladha:
a. Imba tepung lir kupu tarung
b. Jaja mengkap bang mawinga-winga
c. Kumedhot pardoning lathi
4. Candraning Mangsa
Candraning mangsa kaya mangkene:
a. Satya murca ing embanen = candrane mangsa kasa.
Tegese: wit-witan padha brindhil.
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 13 dari 14
b. Bantala rangka = candrane mangsa karo.
Tegese: Lemah-lemah padha nela (mlethek)
c. Suta manut bapa = candrane mangsa katelu
Tegese: wit gembili (gadhung) padha mrambat.
d. Waspa kumembang jroning kalbu = candrane mangsa kapat.
Tegese: tuk-tuk padha pipet (bumpet).
e. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima.
Tegese: wiwit akeh udan.
f. Rasa mulya kasucen = candra mangsa kanem.
Tegese: ungsum who-wohan mirasa.
g. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu
Tegese: akeh lelara
h. Anjrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu.
Tegese: para among tani padha ngarep-arep asile tandhuran.
i. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga.
Tegese: mangsane gareng muni, gangsir ngenthir.
j. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa kasadasa/
Tegese: akeh kewan mbobot, manuk ngendhog.
k. Sotya sinara wedi = candrane mangsa destha
Tegese: mangsa mareng.
l. Tirta sah saking sasana + candrane mangsa sadha.
Tegese: mangsa bedhidhing utawa adhem.
5. Candrane Satriya Bagus
Tuladha: Satriya ing madukara Raden Janaka (Arjuna) iya sang pamadya padha-padha satriya
wasis lan waskhita, tata, titi, titis, trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apepak.
Bisa manjing ajur jejer. Bisa mrojol ing akarep ing pratandha satriya gentur tapane. Karep
nenepi ing guwa kang sirung, nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng marang
pandenge, mring luhure dhiri datan wigih ing lara, wani marang pati jroning ngaurip.
6. Bab-Bab kang Lumprah Dicandra
Panyandra kanggo medhar aleman tumprap kabecikan lan kaendahan, tuladha:
a. Angggane/wujude manungsa lan bab kang gegeyutan karo manungsa.
b. Anggane danawa/buta lan bab kang gegayutan karo danawa.
c. Kahananing alam
7. Maca Teks Panyandra
Babagan kang kudu digatekake nalika maca teks panyandra:
FORMULIR [Link] FM-03-AKD-07
Penyusun Aini Machmudah, S.S.
HANDOUT BASA Tanggal
SMKN JATIROGO 01 Januari 2025
RINENGGA (x-Genap) Penyusunan
Halaman 14 dari 14
a. Wicara
Mujudake kandeling swara sing cetha nalika ngucapake tetembungan. Pamacane teks
panyandra, pocapane kudu cetha, ora kena groyok, pelo, utawa rangu-rangu, nanging
kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener apa maneh tembung ing Jawa pocapane utawa
lafale maneka warna (a, ꞻ, I, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) upama bedakake wedi lan wedhi,
mathuk lan mantuk.
b. Wirama
Yaiku iramane basa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter
alone wiramane becik kalarasake karo isine teks. Lamun maca teks kanthi tema
perjuangan pamacane panyandra sing sora lan semangat, beda nalika maca panyandra isi
kasusahan utawa kasmaran, pamacane luwih alon lan sareh.
c. Wirasa
Maca teks panyandra dijumbuhake karo surasaning panyandra. Upamane wibawa, sereng,
utawa getun. Menawa surasane gumbira kudu bisa nuwuhake rasa gumbira. Semono uga
nalika surasane sedhih, kudu bisa nuwuhake rasa sedhih. Dadi wirasa sing trep kudu bisa
negesi panyandra.
d. Wiraga
Wiraga yaiku jumbuhing solah-baw, obahing awak, polatan, lan rasa. Obahing awak lan
polatan (mimic) kudu luwes (ora kaku, prasaja, lan ora katon digawe-gawe)