Sambutan
Bissmilahirohma nirrohim
Assalamu`alaikum wr. wb
Alhamdulillahirobbil a`almin
Wassalatu Wassalamu`ala asrofil ambyai wahmur salim
Sayyidina Wamaulana Muhammadin Waala alihi Wasobihi Ajsmangin
Ama`bakdu.
Wonten pangarsanipun poro `alim `ulama, Ibu Nyai ingkang tansah kito
hormati kito dereki
.............................................................................................
Wabil khusus pangarsanipun Ibu Nyai Asfiah Jakfar Samsudin, soho
Ibu Nyai Qisti Rofiah ingkang tansah kito ajeng mauidoh soho barokah
do`a nipun.
Dumateng Ibu Nyai sanesipun ingkang mboten saget kulo sebat asmo
karemnipun setunggal mboko setunggal ingkang kulo hormati.
Dumateng poro sesepuh, pinisepuh, Ibu-ibu ingkang kulo hormati.
Dumateng pangarsanipun Ketua Muslimat Fatayat, Ranting Lugosobo
soho pengurusipun ingkang kulo hormati.
Sumrambah dumateng sedoyo jamaah Muslimat, Fatayat ingkang kulo
hormati lan ugi ingkang dipun mulya`aken dening Alloh SWT.
Amin Allahuma Amin.
Mboten supe dumateng grup Hadroh, ........................... ingkang kulo
hormati.
Sumonggo kito tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarso dalem
Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten taufik, hidayah soho
inayahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten ing wekdal siang
meniko, kito saget sareng-sareng makempal wonten ing meniko Majelis
kanthi wilujeng, sehat wal`afiat mboten manggihi alangan setunggal
menopo-menopo dalam rangka Pengajian Rutin Sabtu Kliwon.
Kasyukuran kito sumonggo kito ikroraken kanthi waosan tahmid
“ Alhammdulillahirrobil `alamin”.
Sholawat lan salam mugi tansah aturaken dumateng junjungan kita
Nabi Agung Muhammad SAW. Kanthi penyadong mugi kito sedoyo
dados umatipun ingkang pikantuk syafa `atipun mbenjang wonten ing
dinten kiamat,
“ Amin, amin Allohuma Amin”.
Poro rawuh ingkang kulo hormati ke pareng matur sak wetawis kulo
wonten mriki wakil saking shohibul bait.
Ingkang Sapisan.
Ngaturaken sugeng rawuh soho ngaturaken agunging matur nuwun
mugi ya rawuh panjenengan sedoyo dipun catet dening Alloh SWT
dados amal silaturohmi, soho amal sholih ingkang saget pikantuk
pewales ganjaran saking Alloh SWT. “ Amin, amin Allohuma Amin”.
Ingkang Kaping kalih
Nyuwun agunging pangapunten mbok bilih angganipun nampi rawuh
panjenengan, atur papan pinarakan, soho pakurmatan sak mangke
kirang nuju prono wonten ngarso panjenengan sami estu nyuwun
agunging pangapunten.
Ingkang Kaping tigo
Kulo ngaturaken agunging matur nuwun dumateng sedoyo pihak
ingkang sampun paring pambiyantu menopo kemawon.
Mugi-mugi sedoyo pembiyantu panjenengan pikantuk piwales ingkang
matikel-tikel saking Alloh SWT. “ Amin, amin Allohuma Amin”.
Poro hadirin ingkang kulo hormati.
Makaten ingkang saget kulo aturaken saking kulo pribadi mbok bilih
anggen kulo matur kathah kalepatan, estu kulo nyuwun agunging
samudro pangaksami.
Akhirul kalam Wabilahid taufik Walhidayah.
Wassalamu`alaikum wr. wb.