0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
100 tayangan12 halaman

Ibadah Rosario dalam Bahasa Jawa

Dokumen ini berisi doa rosario yang terdiri dari beberapa bagian seperti tanda salib pembuka, bacaan kitab suci, homili, doa kepada Bunda Maria, dan doa penutup.

Diunggah oleh

baa
Hak Cipta
© All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
100 tayangan12 halaman

Ibadah Rosario dalam Bahasa Jawa

Dokumen ini berisi doa rosario yang terdiri dari beberapa bagian seperti tanda salib pembuka, bacaan kitab suci, homili, doa kepada Bunda Maria, dan doa penutup.

Diunggah oleh

baa
Hak Cipta
© All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd

IBADAH ROSARIO

 TANDA PAMENTHANGAN (tanda salib)


Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci. Amin.
P : Gusti Manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
Utawa
P : Para sadulur kinasih, sih nugraha Dalem Gusti
Yesus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama
lan Hyang Roh Suci tansah manunggala.
U : Kaliyan kula sadaya
P : Bapak – Ibu lan para sadulur kinasih,
Kita padha bungah marga dina (bengi) iki bisa
kumpul bebarangan munjuk sembah sewu nuwun
ngarsanging Allah ……………….
Ayo padha ngaturake keduwunging ati ana ingarsa
Dalem Gusti

1
 Pamartobat (doa tobat)
P: Kawula ngakeni ingarsaning Allah ingkang
mahakuwasa,
U : tuwin para sadherek sadaya, bilih kawula sampun
nglampahi dosa srana gagasan, tetembungan, tindak-
tanduk, tuwin margi nglir wakaken kewajiban, awit
saking lepat kawula, saking lepat kawula, saking
genging lepat kawula. Pramila kawula nyuwun
ingarsanipun Ibu Kenya Maria, para malaekat tuwin
para suci, sarta para sadherek sadaya, karsa
nyenyuwunaken ingarsaning Allah, Pangeran
kawula. Amin
Utawa
P : Allah ingkang mahasae,
U : kawula keduwung dhateng sadaya dosa kawula,
margi tresna dhateng Sampeyan Dalem. Kawula gadhah
niyat, srana pitulungan Dalem, mboten bade nglampahi
dosa malih-malih. Gusti, kawula tiyang dosa, nyuwun
kawelasan Dalem. Amin

2
P : Muga Allah kang mahakuwasa karsa paring
palimirna lang panagapuraning dosa sarta nuntun
marang urip langgeng.
U : Amin
 SEMBAHYANGAN PAMBUKA (doa pembukaan)
P : Ayo padha munjuk / suwani sami munjuk (marilah
berdoa)
Gusti Allah ingkang mahasae,
Kawula matur nuwun bilih Sampeyan Dalem karsa
ngempalaken kawula ing griyanipun Kel. Bapak/Ibu
…………… Mugi-mugi pekempalan punika saged damel
diwasaning iman kawula saha tansah damel reraning
panggalih Dalem. Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra
Dalem Pangeran kawula ingkang kaliyan gusti
manunggil ing Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku
kaprabon ing salami-laminipun.
U : Amin.
 WAOSAN (bacaan Kitab Suci)
P : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
P : Pethikan Injil Suci anggitane Santo ……………
3
U : Linuhurna Gusti
P : …………………………
Mangkono sabdaning Injil Suci (Kitab Suci)
U : Sembah nuwun konjuk ing Gusti
 PANGLIMBANG-LIMBANG (Homili)
 SEMBAHYANG TASBEH **
 PASRAH MARANG IBU MARIA
Sadaya titah Dalem Gusti Allah ingkang pinunjul
saha murni piyambak inggih namung panjenengan
dalem, O Ibu Kenya Maria, Ibu Kekasih Dalem Gusti.
Karsa mulat mriksani mangandhap saking
dhampar kaluhuran dalem dhateng putra-putri dalem
kanthi gunging kasaenan dalem.
O mawar sekar ingkang sewu murni, kalilana
kawula ngidung memuji panjenengan dalem. Mugi
sampun kaduwa pepudyan kawula ingkang ndedel
saking pasetran pindha keluking dupa; margi punika
wau mboten naming medal saking lambe kemawon,
manah kawula ugi mboten Kantun. Langkung-
langkung margi pepudyan kawula wau karsaa

4
mbengkas sadayaning papa tuwin memalaning
maneh kawula.
Mugi tansah kagungan welas dhateng kawula
semangke ngantos dumunging dinten dhawahing
pejah kawula. Ibu Maria, adreng panyuwunipun
ingkang putra, sarana memuji pepudyan enggal
ingkang binarung ing sakaring para malaekat ing
swargi.
Ibu Maria, sekar mawar ingkang tanpa lesa,
kawula memuji kasaenan dalem ingkang tumanduk
ing gesang kawula ing salaminipun. Amin.
 RAMA KAWULA (pirsani kaca I)
 SEMBAHYANGAN PANUTUP
P : Suwawi sami munjuk
Gusti Rama Kawula, Sampeyan Dalem sampun karsa
saestu ngrawuhi kawula, mugi krana rawuh Dalem
punika, kawula kaparenga nyanggi kewajibaning
agesang tuwin dados tuladha tumrap sadaya tiyang
supados ndherek ngluruhaken Asma Dalem.
Gusti, kawula ugi nyuwun karsa Sampeyan Dalem
maringi berkah kagem Kel. Bapak/Ibu …………
5
ingkang dalu punika kersa nampi kawula
sudayawonten pakempalan/sembahyangan tasbeh.
Mugi keluwarga punika tansah pinaringan rahayu
wilujeng, kathah rejekinipun, ugi tansah bagas waras.
Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra dalem, Pangeran
kawula ingkang kaliyan Gusti manunggil ing Hyang
Roh Suci, gesang tuwin mengku kaprabon ing salami-
laminipun.
U : Amin
P : Gusti manunggala
U : Kaliyan kawula sadaya
P : Muga kita padha binerkahana dening Allah kang
mahakuwasa:
Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh
Suci.
U : Amin
P : Para sedulur kinasih, sembahyangan tasbeh wis
keleksanan.
U : Sembah nuwun konjuk ing Allah.

6
P : Ayo padha martakake katresnan lan kawelasan
Dalem supaya sapa wae bisa melu ngrasakake
katentreman Dalem.
U : Amin.
P : Santo ….. (Yohanes Rasul)
U : Nyuwun pangestu dalem.

SEMBAHYANG TASBEH
 TANDHA PAMENTHANGAN
Konjuk Ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang
Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin
 KAWULA PITADOS (Aku Percaya)
Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Maha Kuwasa
ingkang nitahaken bumi-langit. Saha ing Gusti
Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting Pangeran
Kawula. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,
kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.
Ingkang nandang sangsara nalika jamanipun
Pontius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta
kasarekaken.

7
Tedhak dhateng papan pangentosan tigang
dintenipun wungu saking seda. Mekrad dhateng
Swarga, pinarak ing satengen dalem Allah Rama
Sang Maha Kuwasa. Saking ngriku badha rawuh
ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula
pitados ing Hyang Roh Suci, pasamuan Katolik
ingkang suci, lan panunggiling para suci,
pangapunten dosa, tangining badan, saha gesang
langgeng. Amin.
 MUGI LINUHURNA
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci.
Kados ing mula buka, sapunika sarta ing salami-
laminipun.
 PINUJIA
Pinujia ing Asma Dalem Sri Yesus, Ibu Maria tuwin
Santo Yusuf. Sakmenika sarta langgeng. Amin.
 RAMA KAWULA
Rama KAwula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna,
Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem
kalampahana, wonten ing donya kados ing Swarga.
8
Kawula nyuswun rejeki kangge sapunika
sekathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem.
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng
sesame. Kawula nyuwun tinebihna saking
panggoda, saha linuwarna saking piawon. Amin.
 SEMBAH BEKTI
Sembah bekti kawula, Dewi Maria, Kekasihing
Allah. Pangeran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dewi Pinuji piyambak, saha
pinuji ugi owahing salira dalem Sri Yesus.
Dewi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami
nyuwun pangestu dalem, samangke tiwin benjing
dumungining pejah. Amin.
Sembah bekti katur ing Putra-Putri Dalem Sang
Hyang Rama
Sembah bekti katur ing Dalem Sang Hyang Putra
Sembah bekti katur ing Prameswari dalem Sang
Hyang Roh Suci

9
Prakara Kamulyan Dalem (peristiwa mulia)
1. Gusti Yesus wungu saka seda
2. Gusti mekrad menyang Swarga
3. Hyang Roh Suci tedhak
4. Ibu Maria kapundhut menyang Swarga
5. Ibu Maria tampi makuta ana ing Swarga
Prakara Kasangsaran Dalem (peristiwa sedih)
1. Gusti Yesus sungkawa ana ing taman Jaitun
2. Gusti Yesus disapu
3. Gusti Yesus kagemi mautha eri
4. Gusti Yesus manggul pamenthangan
5. Gusti Yesus seda ana ini pamethangan

10
11
12

Anda mungkin juga menyukai