Jaka Tarub Lan 7 Bidadari
Tokoh Penokohan
Jaka Tarub (Ramadhani R.) : senang berburu, taat pada orangtua, bersahabat, licik
Pak Ranu (Rizky md) : Bersahabat, peduli sesama, peduli kepada anaknya.
Mbok Randha (Fanni) : Peduli kepada anaknya, baik hati.
Mbah Bejo (M. Farhan) : Iri, licik, percaya hal mistis, jago bertarung
Nawang Sari (Najwa Maulida) : peduli, peduli waktu
Nawang Lintang (Engelina) : peduli, tegas, berwibawa
Nawang Putri (Tethy Febigita) : peduli, suka mengeluh
Nawang Ayu (Putri Suci) : peduli, tegas, suka mengikuti kata orang
Nawang Arum (leyla Mona) : peduli, tidak suka berbasa basi
Nawang Laksita (Andini Wulan) : peduli, mementingkan orang lain
Nawang Wulan (Aria Sena) : Peduli kepada anaknya, baik, memegang janjinya
Sinopsis
Lair karo bakat beburu kang diwarisake dening mendiang bapane sarta paras rupawan saka
sang ibu nggawe Jaka Tarub tuwuh dadi jagoan desa kang digolek para perawan desa,
nanging ora ana siji kang biso mikat ati sang jagoan desa iku.
nganti ing siji dina dheweke kepanggih perawan kang kasil mikat atine ing pandhengan
kapisan, perawan ayu iku yaiku Nawang Wulan siji saka pitu widodari kang paling ayu ing
kayangan.
Adegan 1: [Hutan]
Narator (Nanda):
Ing jaman semana ing siji desa ing laladan Jawa Tengah. Urip siji nom-noman jenenge Jaka
Tarub. Bapak lan ibuke wis suwe ninggal. Kagiyatan kang ditumindakake Jaka Tarub yaiku
beburu.
Ing sawijining dina esuk, Jaka Tarub kang ngrasa rishi karo omongan tanggane soal kapan
dheweke nduweni bojo wis siyap-siyap kanggo budhal beburu. Jaka Tarub lumaku pinuju
Alas Wanawasa. Ora suwi sawise Jaka Tarub mlebu alas, deweke ndelok menjangan gedhe.
Jaka Tarub (Rama):
(Berjalan keluar rumah dengan perlengkapan berburunya dan wajahnya yang terlihat
masam)
Akhire aku iso dapet menjangan gedhe (berjalan mendekati kijang) ARGHH APES TENAN!
Buru iki aku ngalami nasib apes koyo ngene! (berfikir) Ah luwih apik aku ing sendang
toyowening wae kanggo nyegarno awakku.
Adegan 2: [Danau]
Narator (Nanda):
Jaka Tarub kaget ndelok ana 7 perawan kang ayune moblong moblong adus ing sendhang
toyowening, Jaka Tarub alon alon mlaku ing sakwalike watu gedhe kanggo ngintip 7
perawan kang lagi adus.
Jaka Tarub (Rama):
Kok iso ana 7 perawan ing tengah alas iki? (melihat sekeliling, lalu matanya tak sengaja
melihat bebetapa kain diatas bebatuan) apa iku selendang dhuweke perawan iku? umpama
aku nyolong salah siji lan pura pura dadi wong kang seng nemukake, opo dheweke gelem
dadi pasanganku? Ahh, ora usah aku pikirno, aku nyoba wae.
Nawang Sari (Najwa):
Eh ga keroso uwis sore, ayo mulih yuk.
Nawang Laksita (Wulan):
Ya bener. Apike awake dhewe mulih saiki sadurunge Ibu ngamuk.
[para bidadari keluar dari danau dan mengambil selendang masing masing]
Nawang Wulan (Sena):
Slendangku ora ana. Ing endi slendangku? Duuuuhh sapa kang njupuk selendangku? (cemas
dan panik).
Nawang Ayu (Suci):
Kepriye toh, kok biso ilang? Ing endi kowe ndeleh?
Nawang Wulan (Sena):
Ing kene, ayo tulungi aku nggolek selendangku.
[bantu cari selendang]
NawangPutri (Tethy):
Ing endi toh!?
Nawang Arum (Mona):
Iki wis sore loh, ibu mesti wis siap wenehi kene hukuman
Nawang Lintang (Engelina):
Ayo ndangan balik.
[para bidadari mulai pergi meninggalkan Sendhang Toyowening]
Nawang Sari (Najwa):
Wulan, kita nyuwun pangapura. Kita kudu age-age mulih menyang kayangan lan ninggalake
kowe ing kene.
Nawang Laksita (Wulan):
Pangapurane ya, Wulan. Ora isa nunggoni kowe nggoleki selendhangmu. Kita bakal ngenteni
kowe ing kayangan.
Narator (Nanda):
Nawang Wulan ora isa tumindak apa apa. Dheweke mung bisa manthuk lan nglambekake
tangan marang kaping nem saudarine kang mabur alon ninggalake Sendhang Toyawening.
Nawang Wulan (Sena):
(sambil menangis) Saiki aku kudu kepriye? Ora mungkin aku kungkum ing sendhang iki
salawase. Sapa wae kang bisa wenehi sandhangan arep takdadikno sedulur yen wadon,
nanging yen lanang arep takdadikno bojoku.
Jaka Tarub (Rama):
Haha! (tertawa licik) siasatku berhasil! Aku iso enthuk salah siji widodari kang ayu saka 7
widodari iku.
Narator (Nanda):
Jaka Tarub uga metu saka papan ndelike lan lumaku ngarah sendhang. Dheweke nggawa
sandhangan mendiang ibune kang dijupuk nalika mulih wau. Jaka Tarub age-age ndeleh
klambi kang digawa ing dhuwur siji watu gedhe.
Jaka Tarub (Rama):
Hai, widodari! Aku Jaka Tarub. Aku nggawakake sandhangan kang kowe butuhake. Jupuken
lan gaween age-age. Dina wis meh wengi!
Narator (Nanda):
Jaka Tarub ninggalake Nawang Wulan lan nganteni ing walike wit gedhe panggonane ndelik.
Ora suwe banjur Nawang Wulan teka nemoni Jaka Tarub
Nawang Wulan (Sena):
Hey Jaka, aku Nawang Wulan. Aku widodari saka kayangan kang ora bisa bali amarga
slendangku ilang. Amarga aku wau wis bersumpah, aku gelem nrima kowe kanggo dadi
suamiku.
Jaka Tarub (Rama):
Matur nuwun Nawang Wulan. Wis ora usah dipikir, luwih apik yen kita balik menyang
omahku dishik.
Adegan 3: [Rumah dan depan rumah]
Narator (Nanda):
Dina gumanti dina, sasi gumanti sasi, kabeh kang diwenehi Jaka Tarub berhasil gawe
Nawang Wulan terbuai karo cinta lan gawe dheweke lali karo jati dirinya. anane Nawang
Wulan dadi bojone nggawe wong wong ngomongake dheweke terus-terusan.
Ibu suci:
Mbok, mbok.. sinio ta
Ibu wulan:
Sek ta (mendekati Ibu suci)
Ibu suci:
deloken ta Jaka Tarub iku. Kepriye yo kok iso enthuk bojo sing parase lan sifat kang
sempurno banget
Ibu wulan:
(ikut melihat ke Jaka) Ora weruh ya mbok, jarene bojone saka desa kang adoh banget saka
kene, jarene loh ya aku pisan ora weruh
Ibu suci:
Lah terus Jaka Tarub karo karo bojone iku ketemu ora sengaja lan kesemsem ing pandangan
pertama? Ora salah sih, Jaka Tarub iku wes perkasa, ganteng , apik lan ahli berburu pisan
Ibu wulan:
Iyo sih mbok, opo maneh bojone pisan ayu lan apikan, ora ono kang aneh nek Jaka Tarub
karo bojone kesemsem ing pandang pertama
Narator (Nanda):
Ing wayah ibu ibu iku heboh rasan rasan. liwat Mbah Bejo, dukun kang saka ndisek pengen
nduweni bojo kang parase ayu tenan kang iso nggawe wong liyane iri karo dheweke.
Mbah bejo (Farhan):
Ana opo iki? Mulai mau ibu ibu iku ngomongno bojone Jaka Tarub. Ha ha (tertawa jahat) apa
iki jawaban saka kasil semedi ku? Aku bakal nantang Jaka Tarub duel! (berjalan kerumah
Jaka Tarub)
Jaka Tarub (Rama):
Ora kerasa yo, awake dhewe bakal ketambahan 1 anggota keluarga anyar
Nawang Wulan (Sena):
Nggeh mas, kira kira jeneng kang pas kangge jabang bayi iki nopo nggeh?
Jaka Tarub (Rama):
Hmmm, kepriye-
Mbah bejo (Farhan):
Hoi Jaka Tarub, aku tantang kowe duel!
Jaka Tarub (Rama):
ana apa iki? Lapo kowe ganggu wektuku lan bojoku?!
Mbah bejo (Farhan):
Aku iri Jaka, aku nantang kowa, yen kowe kalah, bojomu dadi milikku, yen aku kalah-
Jaka Tarub (Rama):
Aku ora peduli! Aku mung ngerti yen kowe ganggu wektukku! (melompat dan bertarung
dengan Mbah Bejo)
Narator (Nanda):
Nalika Jaka Tarub lan Mbah Bejo adu tangan, Nawang Wulan sing ana ing omah kaweden,
lan dumadakan njerit.
Nawang Wulan (Sena):
mas! To-tolong aku mas
Ibu Wulan:
Lapo Jaka Tarub karo Mbah Bejo gelut? Eh, iku suarane Nawang Wulan! (panik dan segera
ke arah suara)
Adegan 4: [Rumah dan teras rumah]
Ibu Suci:
Bu, tahan sek nggih tenang
[Proses bantu lahiran]
Ibu Suci:
(ucapan selamat) anak lan ibune slamet. iki mbok.
Ibu Wulan:
Kira-kira sopo yo jenenge putrine?
Nawang Wulan (Sena):
Isih arep dirembugake karo kangmas-
Ibu Wulan:
eh kangmas e wes teko, yawes kene pamit sek yo (nada ngegoda)
Jaka Tarub (Rama):
Pangapurane dek, aku ora bisa ndampingi kowe, aku kegawa emosi
Nawang Wulan (Sena):
ora apa-apa mas, kira-kira jenenge anak kita sopo
Jaka Tarub (Rama):
(mikir) Kepriye yen Nawangsih, aku pengin putri kita nduweni pribadi kang tanggung jawab,
lan apik marang wong liya.
(Nawang Wulan mengagguk)
Narator (Nanda):
Kabar gembira lahire anake Jaka Tarub lan Nawang Wulan cepet nyebar. Nanging rasa
seneng kuwi ora suwe kanggo Jaka Tarub.
Adegan 5: [Rumah dan teras rumah]
Narator (Nanda):
Tekan sawijining bengi, nalika ana obrolan antara Jaka Tarub lan Nawang Wulan…
Jaka Tarub (Rama):
Ra krasa ya, wes rong taun awak dhewe idup bareng
Nawang Wulan (Sena):
iya mas, aku dadi keinget selendangku kang ilang, kira-kira ing endi selendangku saiki yah?
Jaka Tarub (Rama):
Ngg..dek, kayanya lebih enak jika kita mengobrol sambil ditemani teh
Nawang Wulan (Sena):
Sek ya mas aku buatkan dulu
Jaka Tarub (Rama):
Duhh kok isih eling karo selendange, ojo sampe aku kungkum.
Narator (Nanda):
wektu nawang wulan arep buat teh, dheweke ndelok anane benda kang dheweke kenal
Nawang Wulan (Sena):
Jaka! apa kowe bisa nerangake maksud iki? (melempar selendangnya)
Jaka Tarub (Rama):
Pengapurane Wulan, aku-
Nawang Wulan (Sena):
Cukup Jaka, aku wis ngerti kabeh. Aku arep bali menyang kayangan, panggonanku ora ana
ing kene. Aku iki widodari lan panggonanku kudu ana ing kayangan.
Jaka Tarub (Rama):
Na-nanging Wulan, kepiye Nawangsih? Dheweke isih cilik ora bisa urip tanpa ibu, dheweke
isih butuh sampeyan pirang-pirang wulan, lan aku ora pengin sampeyan ninggalake aku.
Nawang Wulan (Sena):
Kuwi urusanmu Jaka, aku wis ora peduli maneh. Nawangsih isih bisa ndeleng aku maneh yen
kowe mbakar padi ing cedhak, aku bakal ketemu dheweke. Kanthi syarat kowe ora oleh ing
cedheke Nawangsih
Jaka Tarub (Rama):
Apa cukup samunu wae? Padahal susah seneng wes dheweke adepi bareng, apa ora ana
rasa Tresna kang keri ing atimu?
Nawang Wulan (Sena):
Cukup Jaka aku wis wegah karo sekabehan iki, kabeh kepercayaanku marang kowe wis ilang.
Aku wis ra peduli maneh karo kowe sawise iki.
Jaka Tarub (Rama):
(mengejar dan memegang pundaknya) Wulan, dengerno penjelasanku aku-
Nawang Wulan (Sena):
(menepis) Wes jaka, aku wes ra peduli karo penjelasan kowe
Jaka Tarub (Rama):
pengapurane wulan. Wulan…. Wulan …….
-TAMAT-