Assalamualaikum wr. wb.
Rohbisy rohli shodri, wayasy syirlii amri, wahluluqdatammillisani, yafqohu qouli
Ingkang kulo hormati
- Bapak kyai SUMARDI saking kedung bakung kedungreja
- Bapak kepala desa bangunreja soho perangkatipun
- Saagungin poro rawuh kaum muslimin muslimat rohimmakumulloh
Langkung rumiyin monggo sasarengan samiyo Muji Syukur wonten ngarsani
Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, biqoulina, Alhamduliilahirobbil alamiin, awit
limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun, sahinggo ing wekdal ndalu meniko
kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majelis ingkang mubarrok
meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah SWT minongko amal
kesaenan, amiin Allohumma Amiin.
Shalawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi
Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safaatipun mbenjang
wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.
Poro rawuh kaum muslimin muslimat rohimmakumulloh.
Keparengo kula tengmriki pinanggenah maosaken runtutipun acara peringatan ISRO
MIROJ Nabi Muhammad Sholalohualaihi wasalam tahun......................, ingkang
susunan acara bade kalampah inggih puniko:
1. Acara ingkang kapisan Pembukaan.
2. Acara ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi.
(Bpk Kyai Marus)
3. Acara ingkang kaping tigo sambutan-sambutan
Sambutan kapisan sambutan saking panitia, kaping kalih sambutan saking
perangkat desa bangunreja, diterasaken tawasul (Bpk Kyai Mudasir)
4. Acara ingkang kaping sekawan pangaosan inti (Bpk Kyai Sumardi)
5. Acara ingkang kaping enem penutup kanti doa (Bpk Kyai Sumardi)
Poro rawuh kaum muslimin muslimat rohimmakumulloh.
Ngengeti wekdal sampun ndalu, Monggo sesarengan acara peringatan Isro Miraj
meniko, kito bikak mawi waosan ummul Kitab : liridho ilahi taala walisyafaati
rasulillah SAW al-fatihah..mugi mugi acara meniko lancar mboten
onten alangan satunggalipun. Alloohuma aamiin.
Kalajengaken acara ingkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Quran soho
Shalawat Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe kaselirani dening Bpk Kyi Mrus
wekdal soho papan kulo aturaken.
Dumateng panjenenganipun Bpk Kyai Marus kulo aturaken agungin matur nuwun.
Mugi-mugi kanthi waosan ayat suci Al- Qur'an kalawau, saged nambahi keimanan
kito sedoyo, aamiin Allohuma Aamiin.
Kalajengaken acara ingkang kaping tigo Sambutan-sambutan..
Sambutan ingkang kaping sepisan sambutan saking Panitia ingkang bade dipun
asto dening _________________________________________ wekdal soho papan
kito aturaken.
Dumateng panjenenganipun Bpk .......................... kulo aturaken agungin matur
nuwun.
Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking
________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.
Dumateng panjenenganipun Bpk .......................... kulo aturaken agungin matur
nuwun.
Kalajengaken waosan tawasul badhe dipun pimpin Bpk Kyai Mudasir wekdal soho
papan kito aturaken.
Dumateng panjenenganipun Bpk Kyai Mudasir kulo aturaken agungin matur nuwun.
Poro rawuh kaum muslimin muslimat rohimmakumulloh.
Salajengipun, lumebet dhumateng acara kaping sekawan, inggih meniko acara inti,
Pengaosan Akbar Isra' Mi'raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun
wedharaken dening Panjenenganipun Bapak kyai SUMARDI.
Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun barakah doa'ipun
sekaliyan acara panutup
Sakderengipun panjenengan BAPAK Kyai Sumardi, medharaken pengaosan,
kawula minongko pranoto acara mbokbilih wonten klenta klentunipun atur, kawula
nyuwun agunging pangapunten.
Dhumateng Panjenenganipun Bapak BAPAK Kyai Sumardi, wekdal soho papan kito
aturaken.
Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah.
Wassalamualaikum Wr Wb.